News Update :
Hot News »
Bagikan kepada teman!

Foto Manuk Neng Kebon

Penulis : Unknown on Senin, 22 September 2014 | 19.35

Senin, 22 September 2014

Foto Manuk Neng Kebon
Iki Manuk opo ?
Foto Manuk Neng Kebon

Iki foto manuk neng kebonan
Nanging dudu kebonanku dewe
Nanging eneng kebonane tonggoku
Manggone pancen neng mburi omahku

Ojo didelok apik eleke gambar foto
Nanging deloken usahaku pas njukuk foto
Lingak linguk ngincengi manuk
Sing pencilakan neng wik witan kebonan

Angel banget nggoleki pas e
Fokus e Foto digital sing tak gawe moto
Dasare rupane manuk meh podo karo godong garing
Kudu mendelik ben moto iki luweh awas
komentar | | Read More...

Cewek Deso Sobo Kuto Korban Kemajuane Jaman

Penulis : Unknown on Sabtu, 09 Agustus 2014 | 00.38

Sabtu, 09 Agustus 2014

Kadang aku rumongso prehatin banget ndelok wong sing nduwe akun pesbuk nanging mung kanggo mamerke pupu muluse, udel bodonge, susune sing guedi lan ayune (padahal yo gak ayu).

Ing postingan dino iki aku mung pengen crito salah sawijine uwong sing mungkin ae biso didadekke conto (sing ora oleh ditiru) soko sebagian wong wedok sing sakiki kerjo dadi TKI neng Hongkong. Cerito ini ugo iso dianggep kritikan utowo kecaman kanggo sebagian uwong sing menurutku salah langkah utowo salah dalan lan kliru ngartekke ungkapan tentang Kemajuan.
Aku crito iki amargo kroso prehaten banget yen ndelok foto foto sing dipamerke neng akun pesbuk salah sawijine TKW sing kerjo neng Hongkong.

Di delok soko fotone sing lawas-lawas, ketoke yo asline wong ndeso. Mungkin amargo kaget soko kahanan amargo sakiki iso nyambut gawe neng luar negeri sing bayarane akeh, lan sakiki opo sing dikarepake iso ketekan, dadi lali marang asal usule biyen.

Wong sing tak maksud ini nduwe akun pwsbuk sing jumlahe luweh soko siji. Nanging gak perlu tak ngerteni sopo  lan opo akun pesbuke. Amargo iki termasuk privasi.

Jujur wae, yen menurutku wong wadon iki yo ora ayu. Nanging ketoke cewek iki mekso awake dewe ben dadi ayu. Nanging dalan sing dilakoni salah kaprah. Kudune yen pengen nambah ayu awake iku iso karo noto sandangane sing apik, demes sopan ben ketok luwes bersahaja. Dadi kekurangan awake biso ditutupi karo keanggunane pakaiane. Lingkan iki sering digunakke karo wong wadon sing isih menggono uteke lan terbukti kasih nembahi ayune awake.

Cewek Deso Sobo Kuto Korban Kemajuane Jaman
Nanging bedo banget karo wong wedok cewek edan siji iki. Mung amargo ben ketok tambah ayu lan akeh sing ngakoni ayune, cewek iki wani tampil beda. Neng akun pesbuk e cewek iki sering banget upload foto foto seksine sing ngluwihi wates norma ketimuran.
Contone wae, fotone sing nganggo katok cekak nganti bokonge ketok separo, nganggo klambi cekak sing nganti susune ketok selaro lan udel bodonge katon mlongo.
Ditambah maneh posisine foto sing digawe gawe supoyo ketok menantang lan ngundang birahine lanangan. misalne wae, pose foto mledingde bokong nganti dalemane utowo cawet e nganti ketok, pose foto mekangkang sing gawe wong lanang pengen nubrok, lan  sapanunggalane. Koleksi fotone miyabi e kalah menantang dibandingke fotone cewek iki.

Pokoke yen sampean ndelok foto foto e sing jumlahe akeh nganggo banget neng akun pesbuke, aku yakin sampean dadi prehatin banget. Utowo malah sak walike, sampean rumongso gemes lan guling guling karo mbantingi bantal.

Pokoke jan ora umum cewek sitok iki. Ngakune wong jowo nanging kok ora njawani. Wis cilik, elek, krempeng, nanging foto foto e NGGILANI banget.
Dasar wong ndeso sing kaget karo gebyare kuto. Biyen gak duwe opo opo ... sakiki pingin opo ae iso.
Cewek ndeso sing dadi korbane tehnologi. Pengene mengikuti perkembangan tehnologi, nanging akhire malah dadi NGGILANI.

Mboh ... Kono-Kono.

komentar (1) | | Read More...

Parikan With Burung Gelatik

Penulis : Unknown on Jumat, 25 Juli 2014 | 19.52

Jumat, 25 Juli 2014

Burung gelatik diujung senapan,,
Wulunya mbrodol kesapu angin,,
Wanita cantik nan rupawan,,
Cekelan botol dodolan bensin,,

Burung gelatik digowo ke sumatra,,
Ajange dipikul nang las vegas,,
Wajah cantik bak cleopatra,,
Untunya gingsul cacahe sewelas,,

Nasi aking dipangan burung gelatik,,
Nasinya punel campur botok teri,,
Body ramping praupane cantik,,
Untu pasang behel gae kawat berduri,,

Burung gelatik menclok bendungan,,
Diterpa lesus koq miber miber,,
Praupane cantik tiada tandingan,,
Bodyne mulus eling hamburger,,

Burung gelatik manuk pikatan,,
Seneng menclok nang petengan,,
Wanita cantik jadi rebutan,,
Jare cocok lek gae kondangan,,

Burung gelatik diatas jendela,,
Sikilnya putul tertembak bedil,,
Praupane cantik bak primadona,,
Sayang akeh kukul mbek mambu sikil,,

Pergi ke sidoarjo beli burung gelatik,,
Reganya slawe buat peningset,,
Budal kerjo ketemu wanita cantik,,
Bokongnya gede eling gentonge bakul dawet,,

Burung gelatik mangan buah manggis,,
Pas menclok mlebu nang kandang,,
Wanita cantik esemannya manis,,
Bareng dicipok mambu iwak pindang,,


Di Copy soko FB e Cak Patto Made Ozawa
komentar (1) | | Read More...

Wulan Ramadhan Nanging Gak Gelem Poso

Wilan Ramadhan iki kanggone wong Islam yoiku wulan sing kebak berkah, akeh ampunane Gusti Alloh. Nanging akeh wong Islam dewe sing ora gelem ngunakne wulan iki kanggo ngalap berkahe Gusti Alloh lan nyuwun ridho lan ampunane Alloh.

Wong Islam dewe ing wulan Romadhon iki akeh sing ora gelem poso. Sakjane urusan poso iki kan dadi urusane pribadine dewe dewe. Nanging mbok yo-o ojo dipamer-pamerke lan di gawe sombong yen durung gelem nglakoni poso.

Sing luweh nemen maneh, ono wong sing wis ora gelem nglakoni poso, malahan ngajak ngajak koncone pisan. Wis ngerti nglakono dosa, malah ngajak koncone.
komentar | | Read More...

Gunung Kelud Mbledos Anak Sekolah Libur

Penulis : Unknown on Kamis, 13 Februari 2014 | 17.10

Kamis, 13 Februari 2014

Gunung Kelud Mbledos Anak Sekolah Libur
Dek mambengi  Malem Jum'at Wage 14 Pebruari 2014 Gunung Kelud sing ono perbatasan Kabupaten Blitar, Kediri lan Malang Mbledos. Bledosane Gunung sing duwore nganti 10 KM iki ndadekake daerah sekitare udan krikil cilik cilik. Udan awu sing soko semburan Kelud ini nyebar nganti Jowo Tengah lan Ngayukjokarto Hadiningrat.

Semono ugo udan awu ini ugo nerak wilayah wewengkon Kabupaten Magetan. Kandele awu sing nutupi gendeng lan dalan dalan ngati 2 cm.

Amargo kedadean udan awu iki, bocah sekolah sing mau wis podo budal, langsung diulehake karo gurune. Amargo udan awu iki dianggep mbebayani tumprape kesehatan muride. Awu sing mabul ono dalan lan kabeh panggonan biso ndadekake ambekan seseg yen kesedot irung.

Esuk iki akeh masyarakat sing podo resik resik lingkungane dewe dewe soko kandele awu sing nyebar ing ngendi ngendi.

Mugo mugo wae bencana alam mbledose Gunung Kelud iki ora nggowo kurban nyowo lan bondo donyo sing akeh.


komentar | | Read More...
 
Company Info | Contact Us | Privacy policy | Term of use | Widget | Advertise with Us | Site map
Copyright © 2011. Magetan Say . All Rights Reserved.
Design Template by panjz-online | Support by creating website | Powered by Blogger