News Update :
Home » » Sate Kelinci Panganan Khas Telaga Sarangan Magetan

Sate Kelinci Panganan Khas Telaga Sarangan Magetan

Penulis : Unknown on Sabtu, 11 Januari 2014 | 00.42

Sate Kelinci Panganan Khas Telaga Sarangan Magetan
Sate Kelinci Telaga Sarangan Magetan
Menowo sampeyan dolan menyang telaga Sarangan Magetan, aja tau liwatake kanggo ngicipi kuliner khas telaga Sarangan Magetan yaiku Sate Kelinci.
 
Sakwise sampeyan tuwok olehe ngrasakake kaendahan telogo Sarangan kanti mubeng ing sak pinggire telaga, sampeyan bisa nyicipi enake sate kelinci lan lontong sing akeh di temoni neng warung warung sak pinggire telaga Sarangan.  

Sate sing arang ditemoni neng daerah liya iki prayoga sampeyan coba, amarga roso daging sing lembut lan empuk bisa nggawe sampeyan ketagihan. Regone ora larang banget. Sak porsi kiro-kiro Rp 6.000 - 8.000,-. Rega sing cukup terjangkau kanggo kantong sampeyan. Nanging menowo  nang wektu liburan hari besar utawa taun baru, regane sate kelinci bisa nganti Rp 10.000 / porsi. Lan ditambah karo lontong utawa Tepo saka aran wong - wong Magetan, biso tambah nikmat lan maregi.

Saprayogane patut sampeyan coba yen nglakoni liburan menyang telaga Sarangan. Opomaneh karo pasangan sampeyan, Mesti biso tambah romantis karo ngecap enake sate kelinci karo ndeleng pemandangan sekitare telaga Sarangan. 
Utawa yen Sampeyan seneng seneng bareng keluarga wis mesti tambah mimbuhi angete kahanan. Seneng seneng neng pinggiran telaga, ngrasakke howo pegunungan sing semilir, pemandangan sing becik, karo ngrasakke enake sate kelinci. Rasane mesti mak Nyusss. 

Monggo dipun cobo
Share this article :

Posting Komentar

 
Company Info | Contact Us | Privacy policy | Term of use | Widget | Advertise with Us | Site map
Copyright © 2011. Magetan Say . All Rights Reserved.
Design Template by panjz-online | Support by creating website | Powered by Blogger