News Update :
Home » » Gaplek Pringkilan : Wong Tuwek Petakilan

Gaplek Pringkilan : Wong Tuwek Petakilan

Penulis : Unknown on Sabtu, 04 Januari 2014 | 23.22

Dadi uwong iku kudune iso ngopeni awake dewe dewe. Ojo malah wadine dewe di eler sak enggon-enggon. Yen wis tuwo iku mbok yo ngrumangsani tuwek e. Ojo dadi gaplek pringkilan, wus tuwek kok malah polahe petakilan, ora nggenah, koyo wong ora duwe uteg wae. Kok ora isen karo anak putune. Dadi wong tuwo kudune iso dadi panutane kanggo anak lan putune. Kudune iso menehi conto kang apik lan becik kanggo keturunane.

Manungso iki yen mung nuruti kekarepan lan nafsune dewe, akhire yo mung oleh wirang. Wirang e yen di enggo dewe yo ara sepiro o. Nanging wirange iku ugo di tanggung karo anak lan putune. Menowo durung iso bener iku lumrah kanggone menuso. Nanging mbok yo o, yen isek nglakoni doso lan maksiat iku ojo malah di pamer pamerke marang liyan.

Contone wae yen iseh seneng demenan neng nggone wong-wong nakal. Kudune yo ojo di pamer pamerke. Kok ora ngelingi yen anake wis podo dadi prawan gede. Piye jare ngono kuwi yen kelakuane di rungu karo anake. Lak iso ndadekane anake isen lan wirang. Saumpomo kelakuane ngono kuwi terus ditiru karo anak-anake ? Opo ora ndadekake awake luweh wirang maneh.

Ayo to .... poro wong tuwo
Podo di jogo awake dewe-dewe
Ayo podo di jogo sing apik keluargane
Ayo podo di didik sing apik generasine dewe

Sing dikarepake, mbesuk tembe mburine, anak putune awake dewe ora ndadekake wirange awake dewe. Lan mugo-mugo wae anak turune dewe biso nutupi wirang lan isin e dewe neng ndonyo iki, lan ono akhirat mbesuk e. Aamiin.
Share this article :

Posting Komentar

 
Company Info | Contact Us | Privacy policy | Term of use | Widget | Advertise with Us | Site map
Copyright © 2011. Magetan Say . All Rights Reserved.
Design Template by panjz-online | Support by creating website | Powered by Blogger