Dek mambengi Malem Jum'at Wage 14 Pebruari 2014 Gunung Kelud sing ono perbatasan Kabupaten Blitar, Kediri lan Malang Mbledos. Bledosane Gunung sing duwore nganti 10 KM iki ndadekake daerah sekitare udan krikil cilik cilik. Udan awu sing soko semburan Kelud ini nyebar nganti Jowo Tengah lan Ngayukjokarto Hadiningrat.
Semono ugo udan awu ini ugo nerak wilayah wewengkon Kabupaten Magetan. Kandele awu sing nutupi gendeng lan dalan dalan ngati 2 cm.
Amargo kedadean udan awu iki, bocah sekolah sing mau wis podo budal, langsung diulehake karo gurune. Amargo udan awu iki dianggep mbebayani tumprape kesehatan muride. Awu sing mabul ono dalan lan kabeh panggonan biso ndadekake ambekan seseg yen kesedot irung.
Esuk iki akeh masyarakat sing podo resik resik lingkungane dewe dewe soko kandele awu sing nyebar ing ngendi ngendi.
Mugo mugo wae bencana alam mbledose Gunung Kelud iki ora nggowo kurban nyowo lan bondo donyo sing akeh.
Beranda
Home
Posting Komentar