Assalamu 'alaikum Wr. Wb.
Dadi blogger iku gampang gampang angel. Gampange yen duwe akeh ide sing iso di tulis ono blog. Amargo blogger iku oleh nulis opo ae sing dadi uneg uneg e. Nanging yo iku, kudu nganggo paugeran sing apik. Blogger iku yo ojo angger nulis, nanging yen nulis kudu nganno angger angger. Amargo kabeh tulisane kudu iso dipertanggung jawabake. Nanging angele yeng blogger iku kentekan ide utowo bahan tulisang sing kudu ditulesake ono blog. Yen blogger jarang nulis kan yo ora apik kanggo eksistensine blog.
Dino iki aku sing wis njajal ngeblog telung tahun luweh, kadang ugo kentekan ukoro kanggo ngenyari tulisan neng blog. Kereben ketok rodok kreatif sitik, aku njajal gawe blog sing nganng boso jowo. Yen tak delok, iseh jarang banget blog sing ngganggo boso jowo. Yo kuwi, supoyo ben penak anggonku nulis, aku milih boso jowo sing umum digunakake ono lingkunganku. Sing penake ngomong aku nganggo bosone wong Magetan saben dinane kang biso diarani boso Magetanese.. Bosone pancen wis dudu boso jowo murni utowo asli. Nanging boso jowo sing digunakake wong Magetan ono pergaulan saben dinane wis kecampuran karo boso Indonesia, ugo ono siji loro sing kecampuran boso monco negoro ugo boso daerah liane sing ono Indonesia iki.. Dadi ojo di lorohi yo yen blog iki mengko bosone ora karu karuan. Sing penting ketok utowo diroso luwes wae.
Wis cukup semene wae yo postingan kang sapisan neng blog iki. Dongane wae mugo mugo olehku nggarap blog iki iso lancar lan iso nembus halaman pertama mbah google.
Salam blogger wae soko Deso Sundul, Kecamatan Parang kang klebu wewengkon tlatah Kabupaten Magetan.
Wassalamu 'alaikum Wr. Wb.
Beranda
Home
Posting Komentar