News Update :
Home » » Pemilu 2014 Mugo Ngrubah Indonesia Dadi Luweh Apik

Pemilu 2014 Mugo Ngrubah Indonesia Dadi Luweh Apik

Penulis : Unknown on Sabtu, 11 Januari 2014 | 00.24

Pemilu 2014 Mugo Ngrubah Indonesia Dadi Luweh Apik
Kiro kiro telung wulan meneh negara Indonesia arep ngenekake pamilehan umum (Pemilu) kanggo mileh wakil rakyat. Penere ing tanggal 9 April 2014 mengko rakyat Indonesia arep mileh sacara langsung wakile sing arep linggih neng kursi legislatif. Bisakah Pemilu Indonesia 2014 iki nggawa owah-owahan menyang arah sing luwih becik ? Mugo-mugo biso. Utawa bokmenawa sewalike ? Utawa kahanan Indonesia arep tetep mangkene.

Rakyat Indonesia mung bisa mileh jeneng tanpa meruhi sapa lan yok-apa wakil rakyat sing dipileh.
Apa wakil rakyat sing dipilehe bisa makili suwarane kanggo owah-owahan Indonesia iki ?
Apa wakil rakyat sing dipilehe wis ora dhemen turu neng wayah sidang ? 
Apa dheweke sing terusan dibekteni poro rakyat iki wis ora dhemen meneh ngatur proyek gedhe sing bisa nglemokke wetenge ? 
Apa anggota dewan sing dipileh bener-bener jujur lan wani labuh kepentingan rakyat ?
Apa dekne kabeh bener bener wani ikhlas nyampekke dhuwit rakyat kanggo kemajuane masyarakatnya ?

Utawa .... dekne kabeh isih tetep padha kaya dek emben ... 
Keturon kepati karo ngiler wektu sidang neng senayan ... 
Luwih dhemen mendeliki video porno tinimbang krungokake pidato ... 
Nggoleki akeh keuntungan saka proyek sing digelontorke ... 
Utawa nyugihake awake dewe tinimbang labuh kepentingan rakyat. 

Koyoke neng Pemilu 2014 iki isih akeh masyarakat sing durung siap kanggo berdemokrasi kang becik. Amung saperangan  cilik masyarakat sing siap nduwe pangarah kanggo nggoleki wakil rakyat sing bener bener arep labuh kepentingan rakyat. 
Kayakne lomba penekan jambe neng dina Kemerdekaan ..... 
Sing neng ngisor nguwawa bubuh abot nganti semaput lan ora bisa apa apa ...
Nanging sing paling dhuwur karo enak enakan njumuki bebungah sak senenge dheweke

Pemilu 2014 : Bisakah nggawa owah-owahankonggo Indonesia ben iso luweh apik ?
Share this article :

Posting Komentar

 
Company Info | Contact Us | Privacy policy | Term of use | Widget | Advertise with Us | Site map
Copyright © 2011. Magetan Say . All Rights Reserved.
Design Template by panjz-online | Support by creating website | Powered by Blogger